EVALUASI PASINAON BASA JAWI MODEL CIPP WONTEN ING SMK MANGGALA TAMA BINANGUN CILACAP WARSA PASINAON 2021/2022

Retno Wulandari, 2081100058 (2023) EVALUASI PASINAON BASA JAWI MODEL CIPP WONTEN ING SMK MANGGALA TAMA BINANGUN CILACAP WARSA PASINAON 2021/2022. Masters thesis, Universitas Widya Dharma.

[img] Text
Retno Fix.pdf

Download (3MB)

Abstract

Retno Wulandari, NIM.2081100058, Evaluasi Pasinaon Basa Jawi Model CIPP Wonten ing SMK Manggala Tama Binangun Warsa Pasinaon 2021/2022. Tesis : Progam Studi Magister Pendidikan Bahasa Fakultas Keguruan lan Ilmu Pendidikan Unversitas Widya Dharma Klaten. 2023. Rumusaning prakawis panaliten punika : (1). Kados pundi evaluasi konteks pasinaonan Basa Jawi wonten ing SMK Manggala Tama Binangun warsa pasinaon 2021/2022, (2). Kados pundi evaluasi input pasinaon Basa Jawi wonten ing SMK Manggala Tama Binangun warsa pasinaon 2021/2022, (3). Kados pundi evaluasi proses pasinaon Basa Jawi wonten ing SMK Manggala Tama Binangun warsa pasinaon 2021/2022, (4). Kados pundi evaluasi hasil pasinaon Basa Jawa wonten ing SMK Manggala Tama Binangun warsa pasinaon 2021/2022. Metodhe ingkang kaginakaken inggih menika panaliten kualitatif deskriptif kanthi model CIPP wonten ing evaluasi pasinaon basa Jawi ing SMK Manggala Tama Binangun warsa pasinaon 2021/2022. Teknik pangempalan dhata migunakaken observasi, wawan rembag kaliyan dhokumentasi. Validasi dhata migunakaken triangulasi sumber, analisis data migunakaken kondensi dhata, nyajikaken dhata saha panarikan dudutan. Kasil panaliten punika maringi pawartos menawi progam pasinaon basa Jawi dipunlampahaken kanthi rapat utawi musyawarah sesarengan, stategi pasinaon migunakake blended learning saha double shift, kurikulum migunakaken kurikulum 2013. Proses pasinaon dwija basa Jawi saged nglampahaken jumbuh kaliyan pasinaon lan ugi siswa nggadai greget anggenipun nglampahi pasinaon, prakawis pasinaon ingkang kalampahan inggih punika aksara Jawi murda. Evaluasi pasinaon migunakake tes formatif saha sumantif. Adhedhasar pangocekipun dhata, saged dipun pendhet dudutan: (1). Evaluasi konteks kanthi musyawarah sesarengan sesampunipun ndamel silabus. (2). Evaluasi input ingkang kawontenan inggih punika dwija basa Jawi naming setunggal ingkang jumbuh, strategi pasinaon migunakaken blended learning ugi double shiff, sarana prasarana sampun sae lan jengkep, kurikulum migunakaken 2013. (3). Evaluasi proses pasinaon dwija basa Jawi sampun sae anggenipun paring piwucalan, wekdalipun pasinaon 60 menit kaliyan 50 menit. (4). Evaluasi kasil pasinaon basa Jawi migunakaken tes formatif lan ugi tes sumatif nalika para siswa dereng jumbuh kaliyan kriteria ketuntasan belajar para siswa kedah mbaleni malih dumugi jangkep kaliyan KKB ingkang gumathok. Wosing tembung : Evaluasi, pasinaon, basa Jawi, migunakake model CIPP.

Item Type: Thesis (Masters)
Subjects: L Education > L Education (General)
Divisions: Program Pasca Sarjana > Pendidikan Bahasa
Depositing User: Unwidha Perpustakaan Unwidha
Date Deposited: 11 Nov 2023 02:31
Last Modified: 11 Nov 2023 02:31
URI: http://repository.unwidha.com:880/id/eprint/3599

Actions (login required)

View Item View Item