PASINAON DARING PANYERATAN KARANGAN NARASI BASA JAWI (Studi Kasus ing Kelas VIIA SMP Negeri 1 Ceper Taun Pelajaran 2021/2022)

Haru Puspowati, 1981100023 (2023) PASINAON DARING PANYERATAN KARANGAN NARASI BASA JAWI (Studi Kasus ing Kelas VIIA SMP Negeri 1 Ceper Taun Pelajaran 2021/2022). Masters thesis, Universitas Widya Dharma.

[img] Text
Haru Fix.pdf

Download (2MB)

Abstract

Haru Puspowati, 1981100023, “Pasinaon Daring Panyeratan Karangan Narasi Basa Jawi (Studi Kasus ing Kelas VIIA SMP Negeri 1 Ceper Taun Pelajaran 2021/2022). Tesis: Program Studi Magister Pendidikan Bahasa Fakultas Keguruan dan Ilmu Pendidikan Universitas Widya Dharma Klaten, 2023. Ancasing panaliten punika: (1) Ngandharaken titi laksana pasinaon daring nyerat karangan narasi ing kelas VIIA SMP Negeri 1 Ceper taun pasinaon2021/2022 ing mangsa pandemi Covid-19 . (2) Ngandharaken sebab- sebabipun pasinaon daring nyerat karangan narasi siswa kelas VIIA SMP Negeri 1 Ceper taun pasinaon 2021/2022 katindakaken kados dene ingkang katingal utawi kapanggihaken nalika observasi kaleksanakaken. Metodhologi panaliten punika 1) sasaran lan papanipun wonten ing SMP Negeri 1 Ceper, kelas VIIA taun pasinaon 2021/2022, 2) wujud panalitenipun kualitatif deskriptif, lan strategi panaliten punika studi kasus , 3) jinising dhatanipun (1) pocapan siswa lan guru, (2) patrap utawi tindak tanduking guru, (3) pasinaonan nyerat karangan narasi, lan (4) silabus, RPP. Sumbering dhatanipun awujud (1) kridha utawi aktivitas guru lan siswa awujud sesambetan wonten ing interaksi pasinaonan nyerat karangan narasi, (2) informanipun guru lan siswa. (3) dhokumen sekolah (asiling ulangan siswa) silabus basa Jawi taun pelajaran 2021/2022, lan RPP bab nyerat karangan narasi 4) teknik ngempalaken dhatanipun awujud teknik observasi, wawan rembag utawi wawancara, lan analisis dokumen. 5) validitas dhata awujud trianggulasi sumber lan trianggulasi metodhe. 6) teknik analisis dhata kualitatif awujud reduksi dhata, penyajian dhata, penarikan kesimpulan, 7) Jadwaling panaliten punika ing semester 1 taun pelajaran 2021/2022. Asiling panaliten punika bilih pasinaonan daring nyerat karangan narasi dening siswa kelas VIIA ing SMP Negeri 1 Ceper taun pasinaon 2021/2022 ing mangsa pandemi Covid-19 punika kalampahan kanthi sae. Sampun jumbuh kaliyan Rencana Pelaksanaan Pembelajaran (RPP), katitik saking guru ingkang runtut anggenipun nindakaken pasinaon, ing perangan wiwitan (kegiyatan awal), perangan inti/ pokok ( kegiyatan inti), dumugi perangan pungkasan (kegiyatan penutup). Dudutanipun ing panaliten punika pasinaonan daring nyerat karangan narasi dening siswa kelas VIIA ing SMP Negeri 1 Ceper taun pasinaon 2021/2022 ing mangsa pandemi Covid-19 punika kalampahan kanthi metodhe 50% tatap muka, lan 50% kanthi metodhe daring. Prakawis ingkang kapanggihaken inggih punika Problematika teknis: a) Permasalahan akses internet, b) Sarana lan prasarana ingkang kirang memadai. Lan problematika non teknis: a) Pengajar/ guru kawratan badhe ngoreksi tugas. b) Penguasaan internet ingkang winates. c) eaktifan siswa ing pasinaonan ingkang kirang. d) kathahipun tugas kangge siswa. Wosing tembung : esai narasi, online, studi kasus

Item Type: Thesis (Masters)
Subjects: P Language and Literature > P Philology. Linguistics
Divisions: Program Pasca Sarjana > Pendidikan Bahasa
Depositing User: Unwidha Perpustakaan Unwidha
Date Deposited: 09 Nov 2023 02:11
Last Modified: 09 Nov 2023 02:11
URI: http://repository.unwidha.com:880/id/eprint/3586

Actions (login required)

View Item View Item