PIWUCAL SALEBETIPUN TEKS NASKAH WAYANG “PALGUNA PALGUNADI” SAHA JUMBUHIPUN KALIYAN PASINAON BASA JAWI WONTEN SMP NEGERI 1 BAYAT KABUPATEN KLATEN

Teguh Triono (2022) PIWUCAL SALEBETIPUN TEKS NASKAH WAYANG “PALGUNA PALGUNADI” SAHA JUMBUHIPUN KALIYAN PASINAON BASA JAWI WONTEN SMP NEGERI 1 BAYAT KABUPATEN KLATEN. Masters thesis, Universitas Widya Dharma.

[img] Text
Teguh Fix.pdf

Download (1MB)

Abstract

Teguh Triono, NIM 2081100015. Piwulang Salebetipun Teks Cariyos Wayag “Palguna Palgunadi” Saha Jumbuhipun Kaliyan Pasinaon Basa Jawi Wonten SMP Negeri 1 Bayat Kabupaten Klaten.Tesis: Program Pascasarjana Universitas Widya Dharma Klaten, 2021. Rumusanipun prakawis panaliten menika: (1) Tema teks menapa ingkang wonten salebetipun teks lakon wayang “Palguna Palgunadi”?(2) )Jenis teks saha struktur teks menapa ingkang wonten salebetipun teks lakon wayang “Palguna Palgunadi”?,(3)Menapa kemawon piwulang-piwulang ingkang wonten salebetipun teks cariyos wayang “Palguna Palgunadi” ? (4) Kados pundi jumbuhipun piwulang ingkang kinandhut salebetipun teks cariyos wayang “Palguna Palgunadi” wonten pasinaon basa Jawi wonten SMP Negeri 1 Bayat Kabupaten Klaten ? Lambaranipun teori inggih menika: piwulang utawi nilai-nilai pendidikan, teks/ wacana, saha wayang saha pasinaon basa Jawi ing SMP Negeri 1 Bayat Kabupaten Klaten. Wujud panaliten inggih meneika panaliten kwalitatif. Obyek panaliten Teks naskah cariyos wayang “Palguna Palgunadi anggitanipun Ki Seno Nugroho tahun 2018. Teknik nglempakaken dhata kanthi. Maos, njingglengi, nyatet. Teknik pangoncekanipun dhata ngaggem analisis kwalitatif. Dudutan panaliten menika: (1) 1. Tema teks ingkang wonten teks cariyos wayang “Palguna Palgunadi inggih menika kalebet tema teks organik, bilih tema organik menika tema ingkang gayut kaliyan babagan moral dasar manungsa ing panggesangan,inggih menika bab karakter utawi sifat tekun, gumregut anggenipun ngudi kawruh pados ngilmu. (2) Teks cariyos wayang “Palguna Palgunadi kalebet jenis tek naratif ingkang struktur teksipun: bagian awal, tubuh teks / isi teks cariyos saha panutup (3) Piwulang ingkang wonten salebetipun teks cariyos “Palguna Palgunadi” inggih menika wonten piwulang moral kadosta :jujur, disiplin, tanggel jawab, peduli, wonten piwulang relegius kadosta: enget kaliyan ingkang nitahaken, dedonga, ugi ikhlas, wonten piwulang sosial inggih menika : karukunan, tetulung dateng tiyang sanes, pangorbanan. (4) Sampun jumbuh antawisipun piwulang-piwulang salebetipun cariyos wayang “Palguna Palgunadi” kaliyan pasinaon Basa Jawi ing SMP Negeri 1 Bayat, utaminipun ing bab piwulang sosial, piwulag moral ugi piwulang religius (spiritual).. Piwulang-piwulang menika ugi wonten salebetipun Kompetensi Inti ingkang wonten salebetipun pasinaon Basa Jawi ing SMP Negeri 1 Bayat, Klaten Wosing tembung ; Piwulang, teks, wayang.

Item Type: Thesis (Masters)
Subjects: L Education > L Education (General)
Divisions: Program Pasca Sarjana > Pendidikan Bahasa
Depositing User: Unwidha Perpustakaan Unwidha
Date Deposited: 06 Sep 2022 02:51
Last Modified: 06 Sep 2022 02:51
URI: http://repository.unwidha.ac.id:880/id/eprint/3064

Actions (login required)

View Item View Item